Monday, March 31, 2014

Pidato Bahasa jawa tentang Globalisasi



Assalammu’alaikum Wr. Wb.

        Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki.

        Ingkang dinten niki kawulo badhe ngaturaken sesorah babagan”Globalisasi”

        Rencang-rencang, mengertoso bilih globalisasi saged maringi dampak ingkang saged ngrubah pola gesang kito sedoyo. Koyoto kesenjangan sosial ingkang soyo ageng, pola gesang ingkang komsumtif, sikap individualisme lan pola gesang ingkang kebarat-baratan. Dampak ingkang kados niku ingkang saged mecah persatuan bangsa indonesia. Ananging wonten ugi dampak ingkang positif koyoto komunikasi soyo cepet, soyo berkembangipun ilmu pengetahuan lan teknologi, meningkatipun taraf gesang masyarakat

          Lan perlu kito ngertosi bilih globalisasi menika mboten saged dielaken nanging Kita dados generasi muda kudu saged milah  pundi ingkang leres lan pundi ingkang elek. Ingkang leres dikembangken lan ingkang elek ditinggalken. Supados kita mboten terjerumus, mila kita sesarengan Ningkataken Jiwa Semangat Persatuan, Kesatuan, Serta Nasionalism, lan Nguri uri Adat Istiadad serta Budaya Daerah.

        Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun.

Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

1 comment: