Monday, March 31, 2014

Pidato Bahasa Jawa Tentang Lingkungan



Assalammu’alaikum Wr. Wb.

        Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.
        Rencang-rencang, mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun.
        Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget. Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minagka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita. Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi kareksikan.
        Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment